Pasliranku
Anggitane : Eni Lukitowati
Kang Mas…
Nalika Kelimengan sliramu
Manah iki kaya ketujleb paku
Nalika Mireng asmamu
Pasuryan iki dadi lesu
Kang Mas…
Wonten pundhi panjenengan sakniki...???
Kang kesah mboten enggal bali
Kang mlampah mboten enggal pamit
Kawula niki madosi panjenengan kang mas….
Ing dalem kalbu kula janji
Bakalan dak enteni panjenengan dumugi kondur mriki
Ananging, Kulo ngertos kanthi pasti
Pasliranmu mboten bakalan mriki
Panjenengan sampun sayah
Sampun Kesah
Sampun Nendra
Tumuju kang Maha Kuasa
Mangertoso Kang Mas…
Kawula niki mboten saged nopo-nopo
Namung saged nyuwun saha ndonga
Mugi-mugi pinaringan Surgawi kang Abadi